Sujarah Panganggit Serat Wedhatama KGPAA Mangkunegara IV

Sri Paduka Kanjeng Gusti Pangeran Adipati Arya Mangkunegara IV (utawi dipun cekak KGPAA Mangkunegara IV) punika panganggitipun tembang Macapat punika ingkang kapethik saking Serat Wedhatama. Lairipun ing dinten Ahad Legi, tanggal kaping 3, wanci jam 11 dalu, wulan Sapar ing taun Jimakir, angka 1728, windu Sancaya utawa Masehi tanggal 3 wulan Maret 1811 wonten dalem Hadiwijayan.
Nalika dereng dhewasa asmanipun Raden Mas Sudira. Panjenenganipun punika putra Kanjeng Pangeran Harya Hadiwijaya I ingkang kaping 7 utawi putra jaler ingkang kaping 3. Déné ingkang ibu inggih punika Raden Ajeng Sekeli putri K.G.P.A.A. Mangkunagara II. Dados menawi katingal saking garis pancer putri, R.M. Sudira punika wayahipun KGPAA Mangkunagara II. KPH Hadiwijaya I punika putra Raden Mas Tumenggung Kusumadiningrat ingkang dados mantunipun Sri Susuhunan Pakubuwono III. Dados Sri Susuhunan Pakubuwono III punika embah buyutipun RM Sudira.
KPA Hadiwijaya Kartasura ingkang kondang kalian sebat Pangeran seda ing lepen abu ingkang gugur nalika tanding kalian Kompeni Walandi punika ugi embah buyutipun RM Sudira.
RM Sudiro punika angsal pamulangan saking eyangipun  Mangkunegara II. Lajeng sasampunipun yuswa 10 taun dipun pasrahaken dhumateng Sarengat alias Pangeran Rio, ingkang benjang dados benjang dados Mangkunegara III. Pangeran Rio punika dipunparingi jejibahan kagem muruki RM Sudiro nyerat, maos, seni kalian budaya sarta ilmu kawruh sanesipun. Wiwit taksih timur R.M. Sudira sampun katingal kapinteran saha kaprigelanipun.
Rikala dumugi yuswa 15 taun mlebet dados kadèt ing Légiun Mangkunagaran. Wekdal semanten ingkang Jumeneng ing Pura Mangkunagaran Surakarta inggih punika Mangkunagara III, ingkang kaleres nak-derekipun R.M. Sudira, jalaran sami sami wayahipun Mangkunagara II.
Sareng kaangkat dados Pangeran salin asma dados K.P.H. Gandakusuma, krama kaliyan R. Ay. Semi kagungan putra 14 lajeng séda.
Kramanipun kalian putra saking KPA Surya Mataram punika nalika yuswa 22 taun. Kramanipun wonten ing dinten Setu Pahing, tanggal kaping 20, wulan Rejeb, taun Dal, angka 1759 kanthi asma R.M.Ar Gondokusumo.
Wonten dinten Ahad Pon tanggal kaping 8, wulan Rejeb, taun Jumakir, 1778, Windu Hadi utawi taun Masehi 17 Mei 1850 dipunwisuda kanthi asma K.P.Ar Gondokusumo.
Mboten antawis lami Mangkunagara III seda ing taun 1839, lan kagentosan dening K.P.H. Gandakusuma ingkang jumeneng dados Mangkunagara IV. Antawis sataun jumeneng keprabon lajeng daup kaliyan R. Ay. Dunuk putri dalem Mangkunagara III.
K.P.Ar. Gondokusumo gentosi Mangkunegara III kanthi asma K.G.P.A.Ar.Prabu Prangwadono dinten Jumat Wage, tanggal kaping 14, wulan Jumadilakir, taun Jimawal, angka 1781 utawi tanggal 24 Maret 1853 wonten ing yuswa 43 taun. Menawi pikantuk gelar utawi jejuluk Mangkunegara IV ing dinten Rebo Kliwon, tanggal 27, wulan Sura, taun Jimakir, angka 1786, windu Kuntara ingkang adhedasar Surat Keputusan (SK) tanggal 16 Agustus 1857 wonten ing yuswa 47 taun.
Reh dene Mangkunegara IV sampun gadhahi kapinteran lan kaprigelan saking sakderengipun dados Mangkunegara IV, sasampunipun dados Mangkunegara IV, lajeng mendet inisiatif wonten nggen politik, pamarintahan, ekonomi, sosial, seni budaya lan sanesipun. Sahingga Mangkunegara IV gadhah otonomi menggah urusan teng lebet kadosta Kesunanan Surakarta lan Kesultanan Yogyakarta.
Mangkunegara IV gadhah hak kagem mranat pamarintahanipun kiyampak, mranat kawula nanggel katentreman lan kamakmuran kawulanipun minangka pamurba ing wewengkonipun.
Wonten ing mangsa pamarintahanipun Mangkunegara IV gadhah indak-indakan wonten ing sedanten nggen sahingga Mangkunegaran IV punika negarawan ingkang cekap kondang lan kinurmatan dhumateng kawulanipun. Agengipun Mangkunegara IV minangka dados sastrawan lan kabudayan Jawi, saged dipunpirsani wonten ing seratan-seratanipun antawisipun Tripama, Manukarsa, Nayakawara, Yogatama, Pramnita, Pralambang lara Kenya, Langen Swara lan sanesipun.
Saking kasil-kasil karya sastra punika, Mangkunegara IV dipun anggep dados sastrawan wonten ing mangsa jumenengipun malih kasusastran Jawi enggal wonten ing mangsa Surakarta.
Mangkunegara IV seda wonten dinten Jumat Pahing, tanggal kaping 8, wulan Sawal, Wulan Jumakir, Windu Hadi, utawi tanggal 2 September 1881, wonten ing yuswa 72 taun kanthi sengkalan : Muksa Nunggal Hestining Janma lan dipunsarekaken wonten ing Astana Girilayu. Reh dene wonten ing mangsa gesangipun Mangkunegara IV dipun mangertosi sampun dumugi kasampurnan ingkang saestu inggih punika badan kalian ruhipun sampun dados setunggal kalian Dzat Allah.
Sadangunipun ngantos keprabon panjenenganipun Mangkunagara IV yasa pabrik gendhis ing Calamadu lan Tasikmadu, mrakarsani ngadegipun stasiun Balapan saha rèl sepur SalaSemarang, lan sasanèsipun. Panjenenganipun nyerat buku ngantos kirang langkung 42, antawisipun Serat Wedhatama.
Sakpunika wonten 9 kitab seratan Mangkunegara 9, inggih punika:
1.     Kitab Wedhatama
Ingkang suraosipun pamulangan babagan gesang lan angger-angger ingkang baku kang Hyang Widi, ugi suraos dasar kalian pratanda sarta artosipun nagari.  Sedasa pupuh wahyu sepindhah babagan mimpin nagari. Lajeng 99 pupuh ngarsa dalem (babagan Gusti Allah Kang Maha Kuwaos).
2.     Kitab Sasongko Mulya
Suraosipun wedar suci piwulang ingkang sejatos, 99 pupuh damel raos suci 
3.     Kitap Pitutur Sepuh / Babad Jawi
Suraosipun dasar lan hukum nagari sarta suraosipun sujarah saking kerajaan ingkang rumiyin utawi sarasilahipun kerajaan.
4.     Kitab Jejangka Surya
Suraosipun jangka cipta suci utawi ginambaran kedadosan wekdal rumiyin lan wekdal mbenjang. 99 pupuh jangka ngarcapada.
5.     Kitab Kertatama
Suraosipun tingkatan wonten ing alam gaib. 99 pupuh tirtamaya utawi babagan asal lan badhe wonten pundi gesang ipun piyantun gesang punika.
6.     Kitab Kaca Surya Tama
Suraosipun sejatosipun piyambak tumrap ing kodrat lan ginaris ingkang suci, 99 pupuh kidung guna, 99 pupuh patrap suci.
7.     Kitab Werta Pralaya
Suraosipun alam sasampunipun seda, 99 pupuh wejang layu.
8.     Kitab Condro Suci     
Suraosipun dasaripun piwulangan ingkang suci, 9 pupuh wejang agung
9.     Kitab Puputan
      Suraosipun piwulang suci dumugi nirwana, 10 pupuh wedar agung suci ingkang sejatos.
Deena Setyowati Just wanna write what I want to write . . .

0 Response to "Sujarah Panganggit Serat Wedhatama KGPAA Mangkunegara IV "

Post a Comment

pesan dan kesan:

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel